jawane' tiru tiru Sumatra , bareng geni mogar mogar lagi podo panik , untung Damkar Batalyon 934 selalu ready..
Pasukan Batalyon TP 934 Pacitan melu bantu kobongan alas ana desa Sambong Pacitan.
Suara Jawa Timur .08-07-026.
Wong Pacitan iku gayane' sok tiru tiru budaya lan kebiasaan elek daerah liyo utamane daerah perantauan.
Koyo kedadean telung dino kepungkur , kobongan alas ana dusun Nglumbu Desa Sambong Pacitan sing diduga disengaja pemilik lahan , dengan maksud resak resak sing kobong awune' kenek dienggo pupuk.
Teknik ngobong alas semacam iku , pancen wis biasa kanggone wong perantauan , kejaba awune' kenek go pupuk , ale' ngresiki uga gampang merga rata rata tanah sumatra ombo ombo terutama milik Perusahaan Swasta.
Sayang seribu sayang , ale ngobong alas ora memperhatikan cuaca , utamane' kecepatan angin , akibate geni sing mogar mogar iki maeng dadi liar sing salah sijine meh ngobong omah penduduk sing cedak karo alas.
Untung perangkat Desa Sambong tringkas , buru buru njaluk pitulungan menyang Satpol PP , Kodim 0801 Pacitan lan kesatuan anyar Batalyon TP SBY 934 Pacitan sing duwe piranti lengkap , klebu Damkar 3 unit sing dikerahne.
Prajurit Batalyon 934 Pacitan bahu membahu ikut memadamkan alas kobong di desa Sambong Pacitan.
Miturut Komandan Batalyon TP SBY 934 Mayor Doktor Dian Nur Huda , kasus alas kobong ono Desa Sambong , Kesatuanya nerjunke berbagai alat pertolongan kebaran , utamane mobil Damkar 3 unit , iki mobil anyar mas langsung digunakan membantu masyarakat , jare Dian tegas.
Mayor Dian uga omong , Batalyon 934 Pacitan , siap membantu masyarakat apapun kegiatanya , sepanjang kanggo kepentingan masyarakat , Batalyon hadir disetiap daerah , sesuai Kebijakan Presiden Prabowo , yo kui Batalyon kudu cedak masyarakat , kudu ngerti kemauan rakyat , kudu mimbing rakyat lan menehi perlindungan masyarat , imbuh Dian....( Gustik)