Ojo Cobo Cobo maling motor ning Pacitan , yen ora pingin sikilmu dingklang
Barang bukti 5 sepeda motor curian yang berhasil disita Polres Pacitan.
Suara Jatim - Pacitan Post Group.
Sejatine' kabeh wis podo ngerti , yen nyolong ana Pacitan iku ora slamet , alias okeh ke dicekel Polisi utawa konangan warga.
Mending ijik slamet ! yen ora babak belur diamuk massa , iso iso sikil si maling dingklang ditembak tim buser Polres Pacitan , rata rata ditembak merga arep mlayu lan nglawan polisi.
Sing gumunke' , ternyata tersangka ( maling) sing kecekel ora koyo ndisik sing rata rata saka luar kota , ternyata saiki wong (pribumi ) Pacitan wis melu ketularan nyolong.
Koyo to Slamet Warga Desa Losari Kecamatan Tulakan Pacitan , bahkan slamet merupakan Resedivis Curanmor sing lagi metu saka penjara setahun kepungkur.
Menurut Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro , Tersangka Curanmor sak durunge nyolong wis ngamati keadaan , srana diterke kancane' bahkan nyewa jasa tukang ojek .
Begitu keadaan sepi lan lengang , Si Maling mindak mindik ngincer motor sing gampang dijupuk , berbekal kunci T dalam itungan detik sang maling ..buuuur..wis .amblas ..gawa motor sing rata rata ijik tahun enom.
Pemilik motor merasa bangga ke Kapolres Pacitan yang sudah berhasil menangkap pencuri motor dan kini motor motor tersebut telah dikembalikan pada pemiliknya.
Mulo saka iku , Kapolres sing ijik enom iku menghimbau marang masyarakat Pacitan , parkir motor kudu ati ati lan kudu diawasi tenan , ojo ngremehne' pek ale' parkir ning pekarangan omah , sebab maling saiki tabiate' turah wani.
Ananging sing paling utama masyarakat kudu memperhatikan , ketika parkir ana Cafe , Restoran , Rumah Sakit , Swalayan , keramaian lan Obyek Pariwisata , panggon panggon iku sing paling sering kendaraan raib digondol maling,pungkas Kapolres.
Kanggo menghormati Polres Pacitan sing hampir selalu berhasil membekuk pelaku curanmor , maeng esuk ( 19/08) Yasin ana acara Konfrensi Pers ana Gedung Bhayangkara Pacitan , salah sijining pemilik motor sing kendaraane' berhasil ditemokne Pilisi , ngucapke' rasa sukur menyang Kapolres Pacitan berkat keberhasilan Polisi sing selalu sukses nyekel para tersangka curanmor, sing sempat meresahkan masyarakat Pacitan...
Sekedar tambahan informasi , Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro , njaluk marang masyarakat sing merasa kelangan barang akibat dugaan pencurian , kudu wani lapor , insya Allah kabeh laporan bakal ditindak lanjuti ,sepanjang laporan iku pasti tanpa tendensi liyo , imbuh Kapolres dihadapan puluhan awak media....***
Redaktur. : Gustik.
Reporter. ; Ratna....