masukkan script iklan disini
Senyum Dewan Pacitan mulai renyah setelah.....
Suara Jatim.21.07.025.
Nyawang wong Urip , Ojo sok gampang gumunan , Ojo sok sulap marang titihan roda papat merk Pajero lan sejenise' , Ojo sok terkesima marang bale' wisma sing megah lan Ojo sok kepilut marang penampilan sing klimis lan necis.
Kabeh kui maeng urung mesti gambarake atine' sing asli , sebab Isa Isa penampilan gemerlap lan necis Iki maeng , merga mung jabatan sing disandang , koyo to anggota Dewan , Wabub lan Bupati misale'.
Contoh.
Yen didelok saka penampilan saben dinane , anggota DPRD Pacitan koyo koyo urip ORA duwe beban sama sekali , sebab beliau beliau selalu penampilan necis lan ceria.
Ananging sejatine , para Anggota DPRD kui maeng akeh sing pada grentah , atine koyo bengkah mikirke' utange' sundul langit , bahkan enek Dewan sing jarang mlebu merga isin dibully ana Medsos soal utang.
Tapi utang utang anggota Dewan sing sak hohah kui maeng , dipastikan akibat korban Demokrasi era Reformasi sing salah kaprah .
Wong sing duwe niat AREP dadi Dewan , Ojo sekali kali ngandalke Figur Flamboyan lan sarat Prestasi , Kabeh kui maeng bakal ( Zong) yen ora srana duit sing cacahe diatas 1 Milyar, mengacu Peleg tahun 2024 , kui pun yen Ale' manage ora pas Isa Isa luput.
Ngarep arep duren ceblok..!
Mula dongane' para anggota Dewan sak Indonesia , muga muga Keputusan MK terkait Pemisahan Pemilihan tahun 2029 dipisah antara Pemilu Nasional lan Daerah.
Pilihan Presiden / Wakil Presiden , DPR RI lan DPD serentak digelar tahun 2029 , sedang pilihan DPRD Provinsi , DPRD Kabupaten / Kota , Bupati / Walikota lan pilihan Gubernur serentak tahun 2031.
Ketua DPRD Pacitan ASB dan Istri saat pelantikan
Seumpama peraturan keputusan MK gek disusun lan disahne Negara , mungkin meh kabeh anggota Dewan bakal sumringah berjamaah , minimal ijik enek napas lega kanggo ngadepi Pemilu tahun 2031.
Koyo sing diomongke Sir Bagindas ( legislator) asal Partai Demokrat Pacitan , wah mas yen putusan MK , juklak juknise' gek mudun , konco konco Dewan seolah olah koyo ketiban duren ceblok, mendah senenge' jare Bagindas.
Syech Pujo Setyo Hadi lan Rudi Ompong pun uga senenge ora mekakat , jare Syech Pujo gaji tambahan selama rong tahun masa tambahan jabatan, sungguh sangat membantu pemulihan management keuangan konco konco Dewan , sing kondisine' saiki koyo koyo wong semaput.
Gubernur , Bupati lan Wabup.
Perasaan berbeda dirasakne Pejabat sing nyandang Gubernur / Wakil Gubernur , Bupati / Wakil Bupati sing nganti Dina Iki ijik samar antara diperpanjang Utawa di PJ kan.
Seumpama Jabatan diperpanjang 2 tahun , nasibe apik koyo Dewan , tapi yen nganti di PJ kan selama 2 tahun sing untung para PJ PJ Gubernur lan Bupati Bupati , ora kelangan ragat pemilihan , tapi langsung nangkring 2 tahun njabat Gubernur / Bupati....( Gustik)