Salah sijining kontra Bupati Giri sing Gunduli Sirah merga Giri ketangkep KPK...
Suara Jawa Timur.
OTT KPK menyang Bupati Ponorogo Sugiri Sancoko , ternyata gawe bubungahe' warga sing mengaku pendukung Cabub sing keok wingi
Saking senenge' para pendukung sing mengaku pendukung Cabub sing Kalah , akeh warga sing pada Gunduli sirahe' , jare wong wong tanda sebagai rasa syukur....
Sebagian warga menilai , perilaku Bupati Giri Sancoko saka awal mulai menjabat periode 2 , saya arogan , saran masyarakat ora Nate dirungokne lan bertindak semau gue , jare Edy ( Ns) , OTT KPK Iki muk soal waktu.
Ananging aksi gundul massal , terkait rasa syukur Bupati Giri kenek musibah OTT KPK, ternyata entuk kritik tajam saka berbagai kalangan Ponorogo , aksi gundul dipicu dendam Pilkada terkesan lucu , opo gek yen pada Gundul ( pak kae') sing bakal genteni Bupati Giri rak Yo ora , jare Ali Ambi getem getem.
Bahkan gara gara sebagian warga Ponorogo pada Gunduli Sirah sing isune dilakukan pendukung Cabub Ipong , peristiwa OTT KPK Bupati Giri Sancoko diduga berkat laporan kubu sebelah sing ijik njelu merga kalah Pilkada , sekalipun demikian kabar kui maeng urung tentu kebenarane', lagi sebatas dugaan dugaan obrolan warung kopi.
Pancen Iki Dina ana Ponorogo bener bener lagi Viral dahsyat , sayang Viral Iki Dina Viral elek kelakuan Pejabat , mulai saka Kepala Daerah , Sekda , Kadis , Direktur ,Staf lan pihak luar sing jumlahe sekitar 13.
Sekedar tambahan informasi , penetapan status sing sore wingi di cokok KPK bakal ditentukan sore Iki lan konferensi Pers kemungkinan bengi Iki , sekitar jam 20.00 wib jare Wakil Ketua KPK Fitroh .
DPP PDI Perjuangan sing diwakili Hugo Parera , PDIP menghormati proses hukum pak Giri lan ASN Pemkab Ponorogo sing Iki Dina wis ana gedung Merah Putih KPK Jakarta , Tulung Kabeh menghormati , silahkan ditunggu beritanya , tegas Huga marang wartawan sing ngumpul ana DPP PDIP..( TIK)

