60 Wartawan Pacitan Klakon turu Hotel Bintang 4 , bergaya bak Pejabat & Anggota Dewan , jare' malah raiso turu..ha..ha..
Jogjakata ,21-10-206.
Suara Jatim 21 Oktober 2026.
Biasane Hotel berbintang wis dadi langganan anggota Dewan lan para Pejabat Indonesia , ora terkecuali Pacitan.
Wartawan sing biasane muk nyawang saka kadohan lan bayangke' mendah menak'ke turu Hotel berbintang .
Ternyata iki dina kurang luwih 60 wartawan sing tergabung ana Forum Pewarta Pacitan ( FPPA) iso turu ana Hotel Bintang 4 ana Kota Jogjakarta.
Sejatine wartawan Pacitan turu hotel berbintang ana Jogjakarta wis rong tahun iki , ananging ngrasakne hotel Bintang 4 lagi sepisan iki.
Mungkin kabeh podo tekok , kok nganti turu hotel Berbintang barang..? jawabane' muk siji , wis dadi hak wartawan merga Asbabun Nuzule ndisik saat menyampaikan Aspirasi menyang DPRD Pacitan , ketika itu Wartawan Pacitan pingin plesir ben uteg rada padang.
Amarga setahun medun , wartawan munggah lan medun gunung Pacitan sing terkenal Terjal , muk arep golek berita ben Warga Pacitan entuk kawruh bab babagan pembangunan lan informasi liyane.
Masiha Wartawan bola bali kenek isu miring , ananging mental wartawan Pacitan wis teruji dibanding oknum luar kota sing ngaku aku Wartawan gembrudug menyang kantor kantor lan Sekolahan srana tujuan ora jelas.
Puji syukur Niat apik lan aktifitas Wartawan Pacitan ternyata diapresiai pejabat lan konco konco Dewan Pacitan, sing secara rutin menehi Kado Piknik bareng srana turu hotel sing patut.
Merga sakdurunge turu ora enek Kegiatan , diisi Internal Wartawan , yo kui ngenekne acara Pengukuhan Ketua Baru.
Sekedar dimangerteni , saben saben 2 tahun sepisan , Pimpinan Forum Pewarta Pacitan kudu dienekne pemilihan Ketua baru.
Kebetulan Gustik sebagai Ketua FPPA Periode 2024-2026 Wis entek masa kepengurusane , lan kudu dienekne Pilihan anyar.
Saat pemilihan sing dienekne tanggal 08 oktober 2026 ana gedung karya Darma Pacitan , Owner Pacitan Post Group iku terpilih kembali dengan silisih suara yang cukup signitifkan,mula iki dina dienekne pengukuhan , kanggo ngisi wektu bengi sak durunge turu ....( yahya)
