Ojo pisan pisan mlebu Pacitan , yen ra pingin konyol , Iso iso njungkel dadi gawe

Corak Group Vespa Gembel dihimbau ora mlebu Pacitan ..BERBAHAYA...

Suara Jatim 25 Nop 2026.
Panitia Sunset Scooter Paradise Pacitan 2026., wingi  sore ( ,24/11) ngenekne'  rapat koordinasi karo awak media terkait acara Event Sunset Scooter Paradise .

Pelaksanaan Rapat Koordinasi dienekne' wingi sore ana sebuah tempat , ditekani kabeh panitia , klebu koordinator Komunitas Vespa Pacitan Bersatu  Andry Tewel SH lan sejumlah awak media.

Tokoh bocah enom sing uga dadi pengacara kondang Pacitan , iku ngomong yen sejatine enek satu hal sing dikawatirke' dadi beban panitia ,diluar pendanaan.

Salah sijining masalah sing di bahas , peserta Komunitas Vespa sing kendaraane cenderung ora standart lan dimodif berlebihan, komunitas Vespa sing terkenal  group Vespa Gembel meksa teka Pacitan , iso berbahaya...!

Alesane' Kondisi jalan Pacitan berkelok kelok , akeh  turunan tajam , sisi kanan kiri jurang , lebar jalan kurang mencukupi kanggo Vespa sing dimodif 3 meter utawa lebih , wedine' yen papasan keplindes truk utawa kendaraan liyo.

Salah sijining pengurus LSM Bhineka Bangsa Pacitan Ferry Ferdiansyah termasuk sing kawatir , ora perkara status gembel utawa sebutan liyo , tapi motor sing dimodif berlebihan iso mempengaruhi kampas rem , kampas kopling lan onderdil liyane.

Dikawatirke Kecelakaan fatal ora iso dihindari , rem blong njegur jurang , keplindes truk merga jalan ora cukup lan kecelakaan liyo sing disebabne' modiv Vespa sing ngluwihi ukur...( Gustik)

Baca juga
Tersalin!

Berita Terbaru

  • Ojo pisan pisan mlebu Pacitan , yen ra pingin konyol , Iso iso njungkel dadi gawe