Pernik Lebaran : Antara Gas Melon & Sirah Melon yang bikin pusing Pusing.

Redaksi
Minggu, 22 Maret 2026
Last Updated 2026-03-22T12:23:36Z
Premium By Raushan Design With Shroff Templates

Tukang cukur jaman kolonial...

Suara Jawa Timur 
Edisi Lebaran 2026

Sebagian Mental wong Pacitan Saiki wis ketok , gampang gugup , gampang kenek pengaruh lan gampang kemakan berita hoax.

Penilaian sederhana iku  didasari hal sepele' , salah sijine'  terkait kelangkaan Gas Melon sepuluh dina sak durunge'  lebaran.1447 H.sing dina Iki wis  ngancik lebaran ke 2.

Tapi enek sing menarik ditengah hiruk pikuk  wong badan (silaturahmi ) antar  kerabat lan warga lingkungan .

Sing dadi primadona    obrolan ( terutama)  ibu ibu njagong  bab  Kelangkaan Gas Melon ( 3.5 Kg) sing nganti dina Iki informasine'  ijik enek desa sing langka Gas Melon , konon desa Sedeng ijik angel golek Gas Melon.

Warga Arjosari Pacitan , antri Gas Melon Jelang hari H.Lebaran.

Dawa dawa ulaning wong jagongan ,  ternyata warga sing dikeluhke jelang lebaran  ora muk antrean Gas Melon , tapi potong rambut pun uga okeh dikeluhke masyarakat , cuma bedane Gas Melon akeh dikeluhke' ibu ibu ,, Tapi yen Sirah Melon (  Potong Rambut ) akeh dikeluhke' Bapak Bapak.

Mungkin WIS dadi berkahe saben lebaran , ternyata  sing antri Berjam jam ORA muk sekedar golek Gas Melon , tapi potong rambutpun jelang lebaran antri luar biasa .

Umpama dijejer  mungkin dawane  antrean pangkalan  potong rambut  / bar ber shop sekitar 20 Meter .

Sing jengkel ! regane ' sak Sirah pun  2 X lipat hari biasa   (15.000 mundak nganti 30.000 per Sirah  )   kui pun ngantriku sak jam setengah , mula ORA gumun yen  golek Gas Melon antri , wong potong  rambut   wae Yo ngantri kok , jare Abror guya guyu.

Keluhan bab Antri Potong Rambut , ora muk disuarakne Abror , tapi warga liyopun  uga akeh sing  sambat ,  jare sambudi gara gara muk AREP potong rambut , nganti rong Dina lehku  golek selane'  ,  ..ternyata ora mung gas melon Tapi ( Potong  Sirah melon ) pun kudu antri Berjam jam dengan nilai tarif mundak 100 persen.

Pertanyaannya !  nyangopo ..? kondisi  Kelangkaan Gas Melon kok ORA langka secara Nasional  , seolah olah sing langka Gas Melon muk Pacitan  , sedang daerah liyo babar blas ora enek kelangkaan / kekurangan Gas Melon.
Umpama  toh enek  ! paling  sak daerah Utawa rong daerah sak Indobesia  sing mengalami kelangkaan GAS Melon.

Potong Rambut sekitar tahun 1920 , tukang cukur cukup cari tempat dibawah pohon yang rindang tempat untuk mangkal.

Saking hebohe kelangkaan Gas Melon ana Pacitan , Pemerintah Kabupaten Pacitan nganti njaluk rapat penting sing ditekani sebagian Perwakilan Media , Polres , Tim Pertamina Madiun.

Kesimpulane  mengapa Gas Melon langka di Pacitan Jelang Lebaran .?
1.
Mungkin Warga Pacitan Panik ! Akan dampak Brutal Perang Iran-Israel- USA sing nyasar Depot / Kilang Minyak lan penutupan Selat Hormuz.
2
Warga Pacitan terutama Ibu Ibu  kulino Panik saben saben AREP ngadepi  Idhul Fitri , engko gek entek , engko gek...gek ...gek.
Merga omongan gek ...gek ..kimaeng , ibu ibu merasa kawatir ,  sing biasane cukup sak tabung merga AREP  lebaran tukune dadi' rong tabung Gas Melon.,..( enek benere merga Kabeh toko pada tutup.

Bapak bapak Yo ngono , saben saben arep
 ngadepi lebaran , pada gembruduk menyang Bar Ber Shop / tukang cukur sing akibate uga ngalami antrean panjang , gara gara muk AREP potong  Sirah melon ...eh Potong Rambut ....( Gus Tik )



 .




2.


























 .




















iklan
Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Stars Rally to Beat Predators in Winter Classic at Cotton Bowl