sebagian Warga Pacitan pingin Rontek bali menyang Tradisional digelar bareng agustusan.
Suara Jatim 07.026.
Festival Rontek Pacitan , yen diamati tenanan soyo suwe sepi penonton , sepi peminat lan kurang greget , ora koyo awal tahun tahun sak durunge'.
Menurut anggota DPRD Pacitan Rudi Hartoyo , Rontek sing digelar selama iki , biayane' terlalu mahal , mula akeh desa sing ora mampu melu festival , padahal bocah bocah enom sejatine' uga pada pingin melu rontek.
Sebagai solusine' , anggota komisi 4 DPRD Pacitan iki nyaranke marang Pemerintah Kabupaten Pacitan , Festival rontek disederhanakan lan bali menyang ruh asline , yo kui rontek gugah saur.
Dipastikan ..' yen Rontek bali menyang ruh asline' , Desa Desa bakal ora keberatan lan pemuda pemuda desa , para seniman tradisional iso ketampung kabeh .
Didelok animo penonton , Festival Rontek Asli diperkurakan bakal luwih akeh , merga penonton saben desa podo ndelok festival rontek desane' dewe' dewe' ,
Saka segi biaya iso dipastikan luwih murah , dengan catatan ada batasan batasan tertentu , ora nganggo property sing berlebihan , tapi ditekankan ana seni tabuhan lan tarian ronteknya sendiri .
Sementara iku , salah sijining tokoh masyarakat Pacitan H.Sugiharyanto ( Bos EB Farm ) setuju banget karo penemune' Rudi Hartoyo , Rontek dibalekne menyang ruh asline , yo kui rontek gugah saur , terutama kudu enek puji pujian menyang kanjeng Nabi utawa minimal koyo rikolo bocah bocah jaman disik ,, rondo tetek mubeng kampung ,,
Putro mbarep Enggal Group iku uga nyaranake' menyang Bupati , Festival rontek digelar dirangkai bareng karo perayaan Agustusan , tujuane' ben ngirit biaya lan ben rame' penontone' , jare Sugiharyato ditemoni wartawan saat nglaras esuk , ingon ingon manuk manuk perkutut' e....
Sekedar tambahan informasi , Festival Rontek Pacitan tahun 2026 lagi wae rampung digelar , enek sekitar 12 kecamatan sing melu Festival Rontek , didelok saka jumlah penonton lan animo masyarakat terjadi penurunan tajam , warga mulai cuek ndelok rontek...( Gustik)