Guru Guru pada Ulang Tahun , Nglindur pingin ketemu Prabowo njaluk mundak Gaji

Situasi Hari Ulang Tahun Guru  ana salah sijining Sekolahan Pacitan Jawa  Timur.

Suara Jawa Timur. 25-11-206.
Kanggo mengekppresikan Hari Ulang Tahun Guru  tahun 2026 , kejaba Upacara sebagai acara serimonial ,   kadang enek guru sing nyleneh lan ngguyokne' batur.

Koyo sing diperagakan Alfi guru sekolah Lanjutan Pertama  , esuk esuk  kukut kukut sandangan dilebokne tas Koper gede ditumpangke' jok sepeda motor.

Sakdurunge' budal Alfi pamit karo sing lanang yen arep budal jakarta karo konco koncone sak bis , tujuane' arep nglabrak Prabowo / Demo ning Istana.

Bojone: bingung lan heran ,  ora rasan rasan kok ujug ujug  arep lungo nyang Jakarta Demo Presiden Prabowo ning Istana bab Gaji.

Harlah  Guru ana SMPN 2 Pacitan digawe kegiatan menehi piagam / Piala sing menang lomba.

Merga penasaran , saat bojone pamit ngajar , secara diam diam karo sing lanang  dikintil saka kadohan numpak pit motor , Sing lanang kaget saka kadohan bojone menggok kiwo mandeg  njunjung koper mlebu  omah gede lan sing  rame' tamune'.

Ben ojo konangan sing lanang bali mumpet ning mburi ruko pasar , kiro kiro sak jam sing lanang  penasaran tekok omah sing ditekani bojone:  , Mbak bojoku maeng gowo koper mrene arep ngopo , oh nglondry pakaian sekaligus koper sing pun lekoh,jawab petugas londry..

Wong lanang sing jenenge Joko Ristanto mulih ambi mesam mesem , asem di prank bojo tak kiro arep minggat karo lanangan liyo, hadew...

Bareng sore sekitar jam 3 ,  bu guru mulih koyo biasane: , sing lanang  langsung nyemantakne' ,  bu bu yen ngapusi aku ojo kerah kerah , tak pikir minggat jebul nglondry...bu Guru langsung nyauri ...aku ngerti yen mbok khintil  tak delok ewat spion , wong aku dadi guru meh pensiun kok sepisan wae ora ngucapne:' HARI GURU....

Sing lanang langsung ngalih , ning Bu Guru tetep neruske' ale' omong , Aku tetep arep nyang jakarta pak , arep momong putuku , jare anakku wedok arep podo demo , gaji PPPK sing gedene' muk 300 ewu  tertunda wis 5 sasi iki podo arep demo nyang Presiden ...hah...gaji PPPK 300.000....?
Ditulis Gustik Pemimpin redaksi Pacitan Post sebagai bentuk  kritik dihari guru masih menyimpan kepribatinan untuk guru guru honorer dan PPPK













Baca juga
Tersalin!

Berita Terbaru

  • Guru Guru pada Ulang Tahun , Nglindur pingin ketemu Prabowo njaluk mundak Gaji
  • Guru Guru pada Ulang Tahun , Nglindur pingin ketemu Prabowo njaluk mundak Gaji
  • Guru Guru pada Ulang Tahun , Nglindur pingin ketemu Prabowo njaluk mundak Gaji
  • Guru Guru pada Ulang Tahun , Nglindur pingin ketemu Prabowo njaluk mundak Gaji
  • Guru Guru pada Ulang Tahun , Nglindur pingin ketemu Prabowo njaluk mundak Gaji
  • Guru Guru pada Ulang Tahun , Nglindur pingin ketemu Prabowo njaluk mundak Gaji