Calon Kades mulai umbas umbis luru biting....dibuka dina iki..


Pacitan Post Group .
Ora mung Calon Anggota DPRD yen Pileg  sirahe' ngelu , Bakal Calon Kepala Desa pun iki dina sirahe' wis mulai podo munyeng ,.merga bayangke' ingon ingon warga sasen sasen , ngiapke' pape'r / rokok bal balan lan uga rampe' liyane' 

Kejaba saka iku , Calon Kades kudu mbentuk garu wesi ( Timses) sing tugase'  luru / golek biting sing  saiki  kondisine' ijik mambrak mambrak .

  Perlu dimangerteni ..!  Jaman saiki luru biting ora muk sekedar luru , Tapi sing tukang luru alias Garu wesi kudu disangoni lan diopeni .

Akeh kedadean , gara gara ale' ngopeni tukang luru biting  kurang apik , mbalik dadi tim lawan sing kadang  gawe' kisruh keadaan , awale Warga ayem tentrem gara gara ulah Tukang Luru Biting  utawa disingkat TULUB  warga desa dadi kesruh , padahal yen wis kisruh bab dukung mendukung Kades , nganti kedawan dawan  ale' plerak plerok..'.

Mula saka kui , Kepala Dinas Pemberdayaan Masyarakat Pacitan Sugiyem , wanti wanti marang kabeh Calon Kepala Desa sing bakal maju ana palagan Pilkades  serentak tahun 2026 menciptakan suasana kondusif , ora usah gontok gontok: an muk gara gara beda pilihan ,  tegas Sugiyem ambi mesam mesem.

Sekedar tambahan informasi , pilkades serentak tahun 2026 akeh diwarnai kejutan kejutan lan dinamika dinamika sing kadang njumbulke' warga lan perlu penjelasan detail..

Koyo to bab Calon Kepala Desa sing wis njabat 3 X ..( tidak berturut turut  ) ternyata ijik entuk daftar lan melu pilkades sepisan meneh 
Sesuai dengan ketentuan pasal 118 UU no 3 Tahun 2024 tentang perubahan kedua UU 6 tahun 2014 tentang Desa disebutkan bahwa Kepala Desa dan Anggota BPD yang telah menjabat selama 2 (dua) periode sebelum UU ini berlaku dapat mencalonkan diri 1 (satu) periode lagi berdasarkan UU ini..

Miturut pantauan media Jelang Pilkades  serentak  tahun 2026 ana Pacitan ijik ketok ad ayem , tokoh tokoh sing ijik iso maju koyo to Rohman Mashuri Kades Mentoro , Andi Suparman Mantan Kades Purwoasri Kebonagung  ngaku ijik siap siap ngumpulke' surat surat lan berkas berkas , ijik suwi wae ijik teka tanggal 21 , ijik adoh tegas Andi putra salah sijining tokoh  penyalur tenaga kerja legendaris antar pulau / Syeh Suparman....( Gustik)
.






















Baca juga
Tersalin!

Berita Terbaru

  • Calon Kades   mulai umbas umbis luru biting....dibuka dina iki..
  • Calon Kades   mulai umbas umbis luru biting....dibuka dina iki..
  • Calon Kades   mulai umbas umbis luru biting....dibuka dina iki..
  • Calon Kades   mulai umbas umbis luru biting....dibuka dina iki..
  • Calon Kades   mulai umbas umbis luru biting....dibuka dina iki..
  • Calon Kades   mulai umbas umbis luru biting....dibuka dina iki..